Cirine Manungso Saka Entute

Woww, judule najisi nemen sung..hehe. Tulisan kie dudu asli tulisane nyong, tulisan kie tak jukut sing forum.detik.com lan beberapa sumber ningĀ  internet, hehe. Nyong maca be nganti cekakan dewek, as*-as*.. Yen wis maca ya syukurrrr, yen urung ya diwaca bae kyeh dewek mana lahh..

Oiya, aja klalen tuku tissue atawa slampe ya nggo ngelap ilere sampeyan mbokan bae netes yen gemuyu ngakak.. :)

============================================

Wong JULIG UTOWO ORA JUJUR
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liya

Wong GOBLOG
Wong sing ngampet entut nganti jam-jaman

Wong sing Jembar WAWASANE
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut

Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin ngentut nanging ora biso ngentut

Wong sing MISTERIUS
Wong sing nek ngentut ora ono wong liyo sing ngerti

Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut

Wong sing PERCOYO awake dhewe (Percaya Diri)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi

Wong KEJEM (sadis)
Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske spreine neng ambene kancane

Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut ora muni ning terus rumongso isin

Wong sing STRATEGIS
Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu cekakakan

Wong sing BODHO
Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan dienggo ngganti entute sing metu

Wong CETHIL
Wong sing nyadangke entute (nek ngentut diencret thithik-thithik)

Wong SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe

Wong RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo

Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
Wong sing nek ngentut ndelik-ndelik

Wong AKUATIK (Iki boso jowone opo yo?)
Wong sing seneng ngentut nang jero banyu ben-o muni blekuthuk-blekhutuk

Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden

Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek bar ngentut

Wong PINTER
Wong sing biso niteni ambune entut tonggone

Wong SIAL
Wong sing nek ngentut mesti katutan AMPASE

Wong sing KEKANAK-KANAKAN
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-blekuthuk.

Wong sing GEMI
Wong sing menowo ngentut, metune swara entut di endat- endat dadi ping 7.

Wong sing SOK AMAL
Wong sing menowo ngentut, metune di brolno, sak ampase.

Wong RA NGGENAH
Angger ngentut silite ditempeli terompet, ben samsaya banter swarane.

Wong RA UMUM
Yen ngentut dilagokake.

Wong PENSIUNAN PRAJURIT
Yen ngentut dipenggak-penggak, kareben swarane kadya unining bedil.

Wong RA SABARAN
Wis ngueden methuthut ra muni entute malah bole sing metu.

Wong SOLO(mohon maaf untuk yang sering keSolo!)
Entute aluun banget, dawa lan sajak ndandang gulo.

Wong RADUWE GAWEAN
Ndiskusekake soal entut (kayata sing maca).

Wong EDAN
Wong sing ngamati ciri-cirine wong liya saka carane ngentut!

~lahh, puas koenn, kena dehh.. hwakakkakka,,, :p

10 Comments

  1. awisawisan said,

    May 4, 2009 at 9:08 pm

    assalaamu’alaykum
    curang, bahasanya mistis…
    ra ngartos aku…
    hehe

  2. kangmasjuqi said,

    May 5, 2009 at 10:59 am

    @awis,

    wa’alaykumsalam..

    ntar jq bikinin tools buat translate jawa-indonesia n
    indonesia-jawa deh..hehe,,

    tapi gak janji ya.. :)

  3. Eka said,

    May 5, 2009 at 2:16 pm

    hwahahaha..
    dasar juqi,
    hehehe..
    thanks ya
    kbtulan lg stres, jd butuh ketawa. hahaha

  4. kangmasjuqi said,

    May 5, 2009 at 7:08 pm

    @Eka,

    ya monggo ka,,

    sama2 ya…hehe :)

  5. ilyas said,

    June 15, 2009 at 2:27 pm

    enyong nganti ngeket gemuyune

  6. kangmasjuqi said,

    June 15, 2009 at 9:19 pm

    @ms ilyas,

    ati2 ms, sampeyan siap2 slampe ora? eman2 kue keyboard komputer kantor teles gara2 ilere sampeyan,,,hwehehe,,, *guyon ms..*

    selamat menikmati bae lahh.. :)

    ~kangmasjuqi

  7. bandOno said,

    November 13, 2009 at 9:01 am

    hebat banget mas, aku sing moco nganti ngentut-ngentut dewe untung entutku sampek mambu, lek sampean ngrasakno tak jamin sampean kelenger pitung dino pitung bengi ha…..ha…. lumayan gae senam pipi lho mas, trims yo.

  8. kangmasjuqi said,

    November 13, 2009 at 6:59 pm

    @bandono,

    hehehe..njih sami2 kang..
    melu bungah aku yen weruh sadulur podo seneng..
    waloupun sampe kepentut-pentut.hahaha.

    salam kenal yo kang.. :)

  9. sisil said,

    November 24, 2009 at 1:51 pm

    hahaaaaa………ana2 bae ya!!!

  10. kangmasjuqi said,

    November 24, 2009 at 7:30 pm

    @sisil,

    ho’oh sil..hehe…sugeng rawuh.. :)


Post a Comment