Syair -Hj. Kharisma Yogi Noviana-

kharisma_yogi_novianahei dulur siro ojo podo kufur
podo wedio siksane kubur
mumpung longgar
ngibadah lan ahli syukur

laailaaha illallaah
muhammadurrasuulullaah

poro rawuh ndiko sedoyo
pinarae kange sekeco
monggo ngaji kalih kulo
kharisma paringan asmo
mediun panggenan kulo

laailaaha illallaah
muhammadurrasuulullaah

ngaji ngono yo obati ati
yen wis loro bakal mbebayani
mumpung durung enggal podo diobati

nduyo rusak seisine
nafsu serakah menungsane
ra ngelinge piye mbesu’e
bakal ngunduh ing penggawe..

laailaaha illallaah
muhammadurrasuulullaah

suargo opo neroko
opo jare tindak iro
tandurane ono ndunyo
nandur becik opo olo
gumantung pilihan iro

laailaaha illallaah
muhammadurrasuulullaah

wong urip mesti bakale mati
anak bojo bondo ndunyo podo keri
iman taqwa amal sholeh sing dikanti

yen wis mati opo sangumu
bondo dunyo ora melu
ugo pangkat anak lan putu
bojo ayu bojo sing nemu…

(taken from pengajian hj. kharisma yogi noviana@cilacap,2007)

1 Comment

  1. kangmasjuqi said,

    September 3, 2009 at 1:56 pm

    cek avatar.. :)


Post a Comment